Gamelan yaiku alat musik tradisional ensembel ing Jawa, Madura, Bali, lan Lombok. Tembung 'gamelan' iku asale saka basa jawa yaiku 'gamel'kang nduwe makan 'tabuh'. Seperangkat gamelan yaiku ana sing ditabuh, ditutukKanggo masyarakat Jawa khususe, gamelan dudu samubarang sing asing jero kahuripan saben dinten. Kanthi tembung liya, masyarakat ngerti bener endi sing karan gamelan utawa seperangkat gamelan dekne kabeh wis ngenal bebasan 'gamelan', 'karawitan', utawa 'gangsa' uga dikenal istilah 'gong'kanggo makili seperangkat gamelan. Biasane gamelan digunakake kanggo ngiringi upacara adat lan pagelaran wayang, seni. Alat musik saking logam iki, ing bebrayan Indonesia sering padha dilaliaken lan kadang gamelan dicap kanthi pengerten alat musik tradisional pinggiran ingkang ketinggalan jaman, nanging kenyataane taksih saged berkembang ing Indonesia. Awale gamelan iku di dhisiti kanthi budaya Hindu Budha kang berkembang ing indonesia. Alat musik ensembel gamelan awale ditemukaken ing Candi Borobudur, Magelang Jawa Tengah, kang berdiri kawit abad ke-8. Alat musik kaya suling bambu, lonceng, kendhang ing dalem kathah ukuran, kecapi, alat musik berdawai kang digesek lan dipetik, ditemukaken ing dalem relief kasebut. Gamelan Jawa iku kang lembut lan alon, gamelan Bali iku rancak lan gamelan Sunda iku mendayu-dayu akeh suara suling. Pertunjukan gamelan saged di deleng ing pagelaran wayang kulit lan ketoprak. Ing pagelaran kasebut gamelan digabungaken karo suara penyanyi jawa. Ing dalem perkembangangan gamelan saged digabung karo jenis alat musik modern lan jenis musik modern. Pertunjukan gamelan iku saged klasik lan kontemporer. Salah sawijine gamelan kontemporer yaiku jazz-gamelan kanthi nada pentatonis lan diatonis. Ing negerine dewek (Indonesia) gamelan akeh sing mboten tresna lan arep punah/ilang. Padahal tiyang luar negeri seneng karo musik gamelan iki, lan kathah tiyang luar negeri kang gelem sinau musik gamelan. Ing Eropa sering ana pertunjukan musik gamelan. Ing Indonesia, wong enome mboten tresna musik gamelan lan lewih seneng musik luar. Perkara kasebut disebabaken mboten wonten kang ngenalaken lan ngajaraken musik gamelan marang tiyang enom Indonesia.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar