Rabu, 30 November 2016

Alat Musik Tradisional Gamelan

Gamelan yaiku alat musik tradisional ensembel ing Jawa,  Madura,  Bali,  lan Lombok. Tembung 'gamelan' iku asale saka basa jawa yaiku 'gamel'kang nduwe makan 'tabuh'.  Seperangkat gamelan yaiku ana sing ditabuh,  ditutukKanggo masyarakat Jawa khususe, gamelan dudu samubarang sing asing jero kahuripan saben dinten.  Kanthi tembung liya, masyarakat ngerti bener endi sing karan gamelan utawa seperangkat gamelan dekne kabeh wis ngenal bebasan 'gamelan', 'karawitan', utawa 'gangsa' uga dikenal istilah 'gong'kanggo makili seperangkat gamelan. Biasane gamelan digunakake kanggo ngiringi upacara adat lan pagelaran wayang,  seni. Alat musik saking logam iki,  ing bebrayan Indonesia sering padha dilaliaken lan kadang gamelan dicap kanthi pengerten alat musik tradisional pinggiran ingkang ketinggalan jaman, nanging kenyataane taksih saged berkembang ing Indonesia. Awale gamelan iku di dhisiti kanthi budaya Hindu Budha kang berkembang ing indonesia.   Alat musik ensembel gamelan awale ditemukaken ing Candi Borobudur, Magelang Jawa Tengah, kang berdiri kawit abad ke-8. Alat musik kaya suling bambu, lonceng, kendhang ing dalem kathah ukuran, kecapi, alat musik berdawai kang digesek lan dipetik, ditemukaken ing dalem relief kasebut.  Gamelan Jawa iku kang lembut lan alon,  gamelan Bali iku rancak lan gamelan Sunda iku mendayu-dayu akeh suara suling.  Pertunjukan gamelan saged di deleng ing pagelaran wayang kulit lan ketoprak. Ing pagelaran kasebut gamelan digabungaken karo suara penyanyi jawa. Ing dalem perkembangangan gamelan saged digabung karo jenis alat musik modern lan jenis musik modern.  Pertunjukan gamelan iku saged klasik lan kontemporer. Salah sawijine gamelan kontemporer yaiku jazz-gamelan kanthi nada pentatonis lan diatonis. Ing negerine dewek (Indonesia)  gamelan akeh sing mboten tresna lan arep punah/ilang. Padahal tiyang luar negeri seneng karo musik gamelan iki, lan kathah tiyang luar negeri kang gelem sinau musik gamelan.  Ing Eropa sering ana pertunjukan musik gamelan. Ing Indonesia,  wong enome mboten tresna musik gamelan lan lewih seneng musik luar.  Perkara kasebut disebabaken mboten wonten kang ngenalaken lan ngajaraken musik gamelan marang tiyang enom Indonesia.

Senin, 07 November 2016

Mengenal Pakaian Adat Jawa

Pakaian Adat Jawa
Pakaian adat jawa yaiku ageman tiyang jawa kang nggadahi ciri khas, nilai-nilai luhur kebudayaan lan uga nggadahi pralambang katentu kanggo tiyang kang ngagem, khususipun tiyang Jawa. Pakaian Adat Jawa diagem nalika wonten adicara upacara lan pernikahan. Pakaian adat Jawa kanggo tiyang jaler lan esti iku benten.
Pakaian Adat Jawa kanggo tiyang jaler/lanang
Beskap
Yaiku pakaian kemeja resmi kanggo tiyang jaler diagem ing acara resmi (upacara adat, pernikahan). Beskap bentuke  kandel, mboten wonten kerah, biasane warna gelap lan polos. Beskap dilengkapi blangkon di kepala, jarik kanggo bagian bawah dan diikat kalih stagen, uga wonten keris dibagian belakang kang diarani Jawi Jangkep.  Beskap nduweni pralambang yaiku tiyang jaler kedah sagend ngira-ira tindakan kang ditindaake.
Blangkon
Diagem ing sirah, diiket kantikenceng, lan nduweni pralambang supados tiyang jaler nggadahi pikiran ingkang kenceng lan teguh mbnten terpengaruh tiyang sanes.
Kain Jarik/Bebed
Yaiku diagem melingkari awak bagian ngisor lan nduweni  supados tiyang jaler aja nindaake tindakan ingkang keliru.
Stagen
Diagem ing padaran lan nduweni pralambang ikatan ingkang kuat
Keris Lan Wadah Keris
Keris awujud wilahan, bilahan ing jero warangka atau wadah keris. Keris lan warangka nduweni pralamabang tiyang jaler kedah kuat nahan godaan setan, nyembah marang  Gusti lan nglambangake keperkasaan tiyan jaler. Keris diagem ing mburi nduweni arti supados nyembang Gusti kalih nggugurake godaan setan kang sering nggoda manungsa.
Selop
Yaiku sandal saka  beludru    warna   hitam,  bordir
Pakaian Adat Jawa kanggo tiyang esti/wadon
Kebaya
Miturut sejarah kebaya iku asale saka Tiongkok lan nyebar ngati tekan Nusantara . Sedurung tahun 1600an kebayanamung diagem keluarga kerajaan. Sawise bangsa Eropa(Belanda) mlebu, pakaian kebaya diagem kanggo pakaian resmi tiyang Eropa. Kebaya diagem ing acara upacara adat lan pernikahan.  Jenis kebaya pendek yang  saking jenis bahan katun, polos, warna lan berbunga. Pakaian kebaya  dilengkapi kalih kemben kanggo penutup dada ,kain jarik batik kanggo ngisoran, sanggul lan konde . Wonten uga kebaya panjang saking bahan brokat warna gelap hitam atau merah tua. Kebaya nduweni  nilai-nilai moral dan filosofis yakni pralambang kepribadian perempuan Jawa kang patuh, lemah lembut, lan halus. Dawane kebaya iki nganti dengkul.
Kain Jarik
Diagem kanggo ngisoran ingkang  bagian ngarep sisi kiwa didamel wiron (lipatan) diililitaken dari kiwa ke tengen.  lan nduweni pralambang tiyang esti kang saged njagi kesucian mboten nyerahaken diri marang wong sanes.
Stagen
Ikat pinggang wujude dawa lan warnane biasane ireng kanggo ngiket pinggang supados ketingal rapi lan singset.  Nduweni pralambanng tiyang esti saged nyesuweaken diri.
Sanggul
Hiasan ingkang diagem ing sirah awujud rambut palsu kang digelung lan diagem ing sirah. Sanggul ketingal awujud bokor mengkureb
Tusuk Konde
Alat kanggo nguataken sanggul supados sanggul saged nempel ing sirah lan kanggo hiasan sanggul. Tusuk konde nduweni bentuk lan ragam hias kang beda, biasane tusuk konde didamel saka  emas, perak, perunggu, bahan organik kayu, tulang, gading, cangkang kura-kura, jenis bebatuan, kaca lan bahan liyane.
Selop
Yaiku sandal saka  beludru    warna   hitam,  bordir